DIGAWE KANGGO GAWE
Oleh : AL
Ana mangsa ana wektune
Fadilah kang dikarep banjur ora keadep
Impi sejatine namung impi
Nalika pikir ati lakumu isih ora kepanggih
Laku bisa dadi andalan
Ati uga bisa dadi senjata perang
Yen ngono kuwi dadi ajining diri
Lamun bener urung mesti pener
Asale awakmu ora pinter
Saumpama krasa mujur sadawaning umur
Ojo lali gawe mawa sujud tafakur marang sing Duwur
Fadilah kang dikarep ora bakal keadep
Impi bakal selawase impi
Apa kang digawe ora bakal berkah ing diri
Nalikane tukul sajroning ati
Adigang adigung adiguna
0 komentar:
Posting Komentar