KATRESNAN KANG SIRNA
Anggitanipun
: Afin Layla Sofiana
Lintang pating kerlip ing
langit
Tak delengake
Semlorot cahyane
Ngrasuk marang kalbu
Tak rasaake
Sejatine…
Aku kelingan sliramu
Sing mbiyen tresna marang
awakku
Nanging saiki…
Apa sliramu kelingan?
Nang kene aku ngenteni
Nggoleki sliramu marang
ngendi wae
Jane sliramu nang ndi?
Apa aku ngimpi?
Duh Gusti…
Ngampura dosaku
Ora trima marang takdir-Mu
Yen katresnan kuwi wis
sirna!
Ora ana!
Namung tangis lan siksa
Kang gawe sesek ati lan
dada…
0 komentar:
Posting Komentar